Pages

Samin

*Mari Belajar Ikhlas dari Samin*

*Parjo* : kang, sampeyan ngenehi duit ke Joyo?
*Samin* : Iyo
*Parjo* : sampeyan diapusi, Joyo kuwi sugih
*Samin* : ngapusi iku dudu urusanku. Kui urusane dekne karo Gustine Joyo.

*Parjo* : Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran?
*Samin* : ilang
*Parjo* : ora mbok golek'i sopo sing nyolong?
*Samin* : ora, aķΰ biyen lahir yo ora sandalan

*Parjo* : kang, sampeyan dirasani karo Joyo
*Samin* : ben wae
*Parjo* : sampeyan ora nesu
*Samin* : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo, Joyone yo ra nesu

*Parjo* : kang, pitikmu dipangan asune Joyo
*Samin* : wes ben
*Parjo* : kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?
*Samin* : aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo

*Parjo* : kang, wes mangan?
*Samin* : Durung
*Parjo* : mreneo tak wenehi duit
*Samin* : wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit.

*Parjo* : kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo
*Samin* : ben. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan , malah omahku sing dipangan

*Parjo* : kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul ora jelas?
*Samin* : Lha yo kui. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok

*Parjo* : kang, klambi sing mbok pepe dicolong uwong
*Samin* : ben. Wong salahku dewe, aķΰ mepe klambi tak pamer2ke ning njobo

*Parjo* : kang, kok mlaku? Sapi sing biasa mbok tumpaki endi?
*Samin* : ilang
*Parjo* : kok malah ngguya ngguyu?
*Samin* : lha untunge dicolong pas ora tak tumpaki

*Parjo* : kang, bayarane Joyo luweh gede timbang kowe, lho.
*Samin* : Ben
*Parjo* : kan ora adil
*Samin* : adil ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to

*Parjo* : kang, pelem-mu dicolong Joyo
*Samin* : Ben
*Parjo* : kok ben?
*Samin* : lha kowe kok iyik to? Biasane dicolong codot wae aķΰ yo meneng wae

*Parjo* : kang, jare wingi omahmu kelebon maling?
*Samin* : Iyo
*Parjo* : kok iyo ? Brarti sampeyan ngerti ?
*Samin* : ngerti. Tp aku mumet mergo isin ra duwe barang sing iso dimaling..

*Sopo sing nalare podo Samin uripe bakal tentrem...😜😜😜*

MAUQUTA

No comments:

Post a Comment

Instagram