Pages

Latihan Bahasa Jawa

Pak Guru : "Sundari..!! Coba tulisen neng papan tulis opo tulisan neng lambang Garuda Indonesia!"
Sundari maju terus nulis neng papan tulis:
'BINEKA TUNGGAL IKA'.
Ndeleng tulisan iku Pak Guru Gedeg2...
sebab dudu BHINEKA.., tapi BINEKA...
Pak guru: "Ngopo ra nganggo BH?" Karo mendelik.
Diomongi ngono Ndari cepet2 nyekel dadane, amargo dewek e kroso nek ora nganggo BH, karo mesam mesem kecut.
( koyo ngombe kopi luwak)
Ndari : Bapak Guru kok pirso ?"
Pa guru: "haaa yo cetho banget!! Lha wong ketok melok melok !! Cobo di benerke". Ngendikane Pak Guru tambah molotot.
Ndari : "Hiks..hiks..(karo klecam klecem) "isin pak..., mosok mbeneraken teng mriki" jawabe Ndari karo mesam mesem.
Pak guru: "Yo kudu sak iki kapan maneh...! Ngopo koq ora nganggo BH?"
Ndari : " Dereng garing pak, BH ne..., nembe dijemur , lha wong namung setunggal.., hiks..hiks.." karo ngguyu terus mencolot mlayu mulih arep jukuk BH NE..
Pa guru lingak..linguk... ndomblong....bingung..di kongkon benek no tulisane lakok ndari malah mlayu.

MAUQUTA

No comments:

Post a Comment

Instagram